Rabu, 10 Maret 2021

JENISING TEMBUNG

 

Pangerten jenis tembung lingga, tembung andhahan,  lan Tembung rangkep

Jenising Tembung

1. Tembung Lingga

Tembung lingga yakuwe tembung sing urung owah saka asale (kata asal/kata dasar).
Tuladha : Ciwit, kursi, meja, deleng, dolan, laku, turu, tandur, cekel
Tembung lingga sing mung sekecap diarani tembung wod.
Tuladha : dom, seng, sak, pring, bak, rak.

2. Tembung Andhahan

Tembung andhahan yakuwe tembung kang wis owag saking linggane.
Tuladha :
Lingga
Andhahan
Umah
Umahe, umahmu
Latar
Latare
Tuku
Tetuku
Ciwit
Nyiwit, nyiwiti, diciwit
Tandur
Nandur, nanduri, ditandur, daktandur
a. Ater-ater (awalan)
   Yakuwe wuwuhan/imbuhan kang mapan ana ing sangarepe tembung lingga.

   1. Ater-ater hanuswara (am, an, any, ang)

Am + laku » mlaku
Am + baling » mbalang
Am + Pandeng » mandeng
An + tangis » nagis
An + tuku » nuku
An + tandur » nandur
Any + ciwit » nyiwit
Any + sandhing » nyandhing
Ang + gawa » nggawa
Ang + gendhong » nggendhong
   2.Ater-ater tripurusha (dak, kok, di)
Tuladha : Dakgawa, kokgawa, digawa
                  Dakcekel, kokcekel, dicekel
   3. Ater-ater liyane (ma, ka, ke, sa, pa, pi, pra, kami, kapi, tar)
Ma + lumpat » malumpat
Ka + limpe » kalimpe
Ke + sandhung » kesandhung
Sa + gegem » sagegem
Pa + lilah » palilah
   b. Seselan/sisipan
   Yakuwe wuwuhan ana tengah-tengahe tembung lingga (um, in, el, er)
Gantung + um » gumantung
Guyu + um » gumuyu
Tangis + in » tinangis
Serat + in » sinerat
Kuban + el » keluban
Beber + el » bleber
Cuwi + er » cruwil
Titis + er » Teritis
   c. Panambang (akhiran)
   Yakuwe wuwuhan kang mapan ana samburine tembung lingga.
Teka + i » Tekani
Jupuk + en » Jupuken
Gawa + a » Gawaa
Jaluk + ake » Jalukake
Bapak + e » Bapake


    3. Tembung Rangkep (Kata Ulang)
    Tembung rangkep yakuwe sakabehing tembung kang diwaca kaping pindho, bisa sakabehing tembung, bisa mung sewanda. Tembung rangkep dibagi ana telu.

    a. Tembung dwilingga

        
    » Dwilingga padha swara :
    1. Abang-abang
    2. Kewan-kewan
    3. Ibu-ibu
    4. Bapak-bapak
    5. Lumba-lumba
    » Dwilingga salin swara :
    1. Bola bali
    2. Wira-wiri
    3. Molak-malik
    4. Selang-seling
    5. Golang-goling
    6. Kolang-kaling
    » Dwilingga semu :
    1. Athi-athi
    2. Undur-undur
    3. Ondhe-ondhe
    4. Awug-awug
    b. Tembung dwipurwa
    Lalayu, geguyu, teteku
    c. Tembung dwiwasana
    Bebisik, cengingis, cekiki, cekakak, cewiwi, celili

    Tidak ada komentar:

    Posting Komentar