Rabu, 17 Maret 2021

ATER-ATER, PANAMBANG, LAN SESELAN

 

ATER-ATER, PANAMBANG, LAN SESELAN

PARAMASASTRA








Paramasastra inggih menika ngelmu kang nyinau babagan aksara, wanda, tembung, lan ukara.
Paramasastra miturut golonganing tembung kaperang :
·      Tembung aran (tuladha: radio, meja, lsp)
·      Tembung kriya (tuladha: maca, turu, lsp)
·      Tembung sesulih(tuladha: kowe, aku, lsp)
·      Tembung wilangan (tuladha: telu, enem, lsp)
·      Tembung kaanan (kata sifat) (tuladha: elek, kuru, lsp)
·      Tembung katrangan (tuladha: kana, lor, lsp)
·      Tembung pangarep (tuladha: saka ing, lsp)
·      Tembung sandhangan (tuladha: sang, hyang, lsp)

Jinising tembung ana 2, 
inggih punika tembung lingga lan tembung andhahan.

Tembung lingga inggih punika tembung kang during owah saka asale, tuladhane meja, pangan arit,…lsp

Tembung andhahan inggih punika tembung kang wis owah saka asale, tuladhane mlaku koktuku, gumagus lsp






Tembung andhahan kuwi asale saka tembung lingga kang oleh 
1. ater-ater, 
2. panambang, lan 
3. seselan


1. Tuladhane ater-ater:
·   Ater-ater a+….
a+karya: akarya

·   Ater-ater ka+…
Ka+tabrak: katabrak

·   Ater-ater anuswara (na,ma,ny, ng)
na+tampa: nampa
ma+pangan: mangan
ny+sapu: nyapu
ng+goring: nggoreng

·   Ater-ater tripurusa (dak, kok, di)
kok+pangan: kokpangan
di+jambak: dijambak
dak+masak: dakmasak

·   Ater-ater sa, pa, pi, pra, pari, tar
sa+wengi: sawengi
pa+mudha:pamudha
pi+tutur: pitutur
pra+yoga: prayoga
pari+wara:pariwara
tar+buka:tarbuka

·   Ater-ater kuma, kapi, kami
Kuma+lamcang:kumalancang
Kapi+adreng: kapiadreng
Kami+gila:kamigilan

2. Tuladhane panambang:
·   Panambang ku, mu, e
Buku+ku: bukuku
Sapu+mu: sapumu
Jaran+e: jarane

·   Panambang an
Gawa+an: gawan

·   Panambang i
Suwek+i: suweki

·   Panambang a, na, ana, en
Jupuk+a: jupuka
Pangan+na: panganna
Sapu+ana: saponana
Jaga+en:jaganen

·   Panambang ake
Gambar+ake:gambarake

·   Panambang ne, ing
Bapak+ne: bapakne
Abang+ing: abanging


3. Tuladhane seselan:
·   Seselan in:
Cedhak +in: cinedhak
Titah+ in: tinatah

·   Seselan um:
Bagus+um: gumagus
Tindak+ um: tumindak

·   Seselan l, r:
Siwer+ l: sliwer
Kelip + r: krelip


 TUGAS!

Tembung ing njeruh kurung ganepana nganggo ater-ater dak, ko utama di!

1.     Sewu kuto uwis (lewati).    

2.     Yen ameh dadi wong pinter, buku iki (sinauni)  saben dina.

3.     Lawange uwis (tutup) amarga angine banter. 

4.     Buku iki tulung (rapikno) ing nduwur meja.

5.     Iwak iki  (masak) gulai kalih kakangku.

6.     Kuto opo sing (lewati) sakdurunge tekan Solo.

7.     Kuto iki wis pernah (lewati) aku lan kancaku.

8.     Buku iki (sinauni) sesuk minggu.    

9.     Buku iki wis (rapikake) kalih kancaku.

10.  Saranku, mending buku iki (sinauni) amarga sesuk kowe ulangan.



Kanggo PR garapen Modul LKS hal. 32  Nomer  1 sd 10. 

lan Ater-ater Anuswara hal. 32  sd 33 Nomer 1  sd  10.


Matursuwun anak-nak, Sinau sing sregep ben sesuk pinter!

Tetap Semangat nggeh!


Tidak ada komentar:

Posting Komentar