Rabu, 24 Februari 2021

WACAN BASA JAWA LAN KRAMA

MATERI 1 

WACANEN KAN SATITI!


” Budi Anak Petani”


Budi ya iku, bocah kang taseh sekolah ing bangku SD kira-kira sampun kelas 4, panggaweane sabendina, sak sampune wangsul sekolah mangan, sinau banjur ngewangi bapak lan ibu ne menyang sawah damel ngramut godhongan, sing biasane di dol ing pasar rongdina pisan. Nanging budi teng mriku mboten ngramut godhongan nanging pados kayu damel masak boke teng griya.

Saben sore Budi ngaji TPA teng masjid ing desone nganti bengi. Budi dados bocah kang apik lan santung marang wong shing luwih tuwo, amergi sangune ngaji lan didikane wong tuwo ingkang sae.

“Mbok, kulo bidal sekolah riyen nggih?”. Pitakon budi karo nyalami Bapak lan Ibuke lan nyuwun doa restu. “Oh, iyo len shing ngati-ati lan seng tenanan olehe golek ilmu”. Pas budi mangkat sekolah enten mbah-mbah wus tuwo gowo depok isi telo teko kali, Budi ngroso mesakne dateng mbah niku langsung ditulungi lan di terake nganti tekan omah.

Budi niku tiang ingkng sae, nek teng sekolahan di senengi kalian gugu-guru lan rencang-rencange. Najan anake wong nora duwe, nanging Budi gadah akhlak ingkang sae, seneng tinulung, lan welas asing marang liyane.

 Wangsulana pitakon-pitakon iki kanthi pratitis!

1. Apa irah-irahan wacan ing dhuwur?

2. Kegiyatan apa wae kang dilakoni Budi nalika wangsul saka sekolah?

3. Apa kang ditindakake Budi nalika medhal saka omah?

4. Geneya Budi nalika ana sekolahan?

5. Tulisen apa wae   amanah cerita  kang pingin dihaturake dening

    panulis wonten bacaan ing dhuwur?


 MATERI  2


TUGAS 2


Dadhekna ukara iki dados krama inggil


1.  Budi mangan sega iwak mujaer


2.  Bapak ngombe kopi kaliyan maca koran


3.  Ibu tuku bumpu lan iwak ana pasar


4. Nalika lunga neng Surabaya Eyang numpak sepur


5.  Bu guru wis teka ana sekolah


6.  Budhe tuku gula lan beras  ana  toko


7.  Pak Darmawan  nyambut gawe ana pelabuhan 


8. Bapak nukokake adik boneka anyar mau isuk ing pasar


9. Bu Sri ora mulang, amarga lara.


10. Bu, aku arep mangkat sekolah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar