Rabu, 13 Januari 2021

TEMBUNG DOLANAN

 

Ing wulangan iki bocah-bocah bakal nyinau salah siji wujud kesenian sing wajib dilestarekake, yaiku tembang dolanan. Karepe supaya bocah-bocah bisa nyebutake tuladhane, cirine, lan isinetembang dolanan. Sabanjure bocah-bocah kaajak nembang bebarengan, nyritakake isine sarta maragakake dolanane. Nalika nyritakake bisa wae bocah-bocah sarana nulis aksara Jawa kanthi prasaja. Isine tembang dolanan saliyane geguyonan nalika lagi dolanan, uga isi pitutur luhur lan gegambaran endahe nagri Indonesia.

Tembang dolanan yaiku salah sijine tembang sing lumrahe ditembangake bocah-bocah nalika dolanan. Ing jaman biyen bocahbocah padha dolanan ing latar ora mung ing wayah awan lan sore, nanging uga wayah wengi nalika padhang rembulan.

Titikan utawa ciri-cirine tembang dolanan, basane prasaja lan gampang dingerteni, cengkoke prasaja, jumlah barise (gatrane) uga winates, bias ditembangake sinambi dolanan utawa jejogedan, lan isine bab sing salaras karo kahanane bocah. Tuladhane kaya tembang dolanan ngisor iki.

           Jamuran

Jamuran ya gegethok

Jamur apa ya gegethok

Jamur gajih brejijih saara-ara

Sira badhe jamur apa?


         Bulan Gedhe

Bulan-bulan gedhe

Ana santri menek jambe

Ceblokna salining wae

Mumpung jembar kalangane

Mumpung gedhe rembulane

Suraka surak hiyo


Basane tembang ”Jamuran” gampang dingerteni, lagune uga gampang diapalake bbocah-bocah.

Tujuan utama isine tembang dolanan yaiku ajaran nilai budi pekerti. Nilai budi pekerti bab rasa kormat, welas asih, gotong royong, tulung-tinulung, lan liya-liyane.

Tembung kang kacithak kandel ing tembang wis paring katrangan ngenani nilai budi pakerti. Tuladhane santri nuduhake bocah sing lagi nyantri tegese lagi sinau ing bab ilmu agama lan

ilmu liyane. Karepe saben bocah kudu sregep sinau agama lan ilmu liyane.

Ceblokna tembung pakon sing bisa nuduhake supaya gelem weh-weh marang wong liya wujud saka tresna asih mring sasama, mumpung jembar kalangane, mumpung isih ana wektu lan diparingi rejeki.


TUGAS  1

Sawise maca katrangan lan tembang ing dhuwur wangsulana pitakon ing ngisor iki!


1) Tembang dolanan lumrahe ditembangake nalika bocah-bocah lagi ngapa?

2) Sebutna ciri utawa titikane tembang dolanan!

3) Apa utamane isine tembang dolanan?

4) Ana pirang baris tembang ”Jamuran”?

5) Tulisen baris ke-loro tembang ”Bulan Gedhe”!


TUGAS 2

Nembang lagu dolanan sing kowe hafal.

Nanyikan lagu dolanan yang kamu bisa, nanti dikirim di wa pak nadhim ya!


Selamat Belajar. 


NB:

Contoh Lagu Dolanan:


1.Tembang Dolanan Lir Ilir


Ilir-ilir tandure wis sumilir
Tak ijo royo-royo taksengguh temanten anyar
Bocah angon-bocah angon penekna blimbing kui
Lunyu-lunyu penekna kanggo mbasuh dodotiro
Dodotira-dodotira kumitir bedhah ing pinggir
Dondomana jrumatana kanggo seba mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Ya soraka sorak hore


2. Tembang Dolanan Jaranan


Jaranan jaranan jarane jaran teji,
Sing nunggang mas ngabehi
Sing ngiring para mantri..
Jrek..jrek nong, jrek..jrek gung
Srek esrek turut lurung,
Buk krincing gedebuk krincing
Prok prok gedebuk jedher..
Buk krincing gedebuk krincing
Prok prok gedebuk jedher..

3. Tembang Dolanan Gambang Suling


Gambang suling kumandhang swarane
Thulat tulit kepenak unine
U..uu.nine mung nrenyuh ake
Bareng lan kentrung ketipung suling
Sigrak gambangane.


4.Tembang Dolanan Jamuran

Jamuran ya ge-ge thok,
Jamur apa ya ge-ge thok
Jamur gajih mbejijeh sa ara-ara,
Semprat semprit jamur apa.


5. Tembang Dolanan Gugur Gunung

Yo ayo kanca ngayahi karyane praja,
Kene..kene..kene..kene gugur gunung tandang gawe,
Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane
Lila lan legawa kanggo mulyaning negara,
Siji..loro..telu..papat..maju papat papat,
Diulang-ulang ake mesthi enggal rampunge
Holopis kontul baris..holopis kontul baris..,
Holopis kontul baris..holopis kontul baris..


6.  Tembang Dolanan Cublak-Cublak Suweng

Cublak cublak suweng, suwenge teng gelenter
Mambu ketundhung gudel
Pak empo lera lere, sapa guyu delekake
Sir..sir pong dhele gosong..
Sir..sir pong dhele gosong..


7. Tembang Dolanan Menthok-Menthok

Menthok-menthok tak kandhani
Mung rupamu angisin-isini
Mbokya aja ngetok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok
Ora nyambut gawe
Menthok-menthok mung lakumu
Megal-megol gawe guyu


8. Tembang Dolanan Gundul-Gundul Pacul

Gundul-gundul pacul-cul gelelengan..
Nyunggi-nyunggi wakul-kul gembelengan..
Wakul glimpang segane dadi saratan..
Wakul glimpang segane dadi saratan..


9.Tembang Dolanan Pandhang Bulan


Yo prakanca dolanan neng njaba,
Padhang bulan padhange kaya rina...
Padhang bulane, seng awe-awe..
Ngelengake aja padha turu sore..


10. Tembang Dolanan Gajah-gajah


Gajah-gajah
Kowe tak kandhani
Mripat kaya laron
Siyung loro, kuping gedhe
Kathik nganggo tlale
Buntut cilik
Tansah kopat-kapit
Sikil kaya bumbung
Mung Iakumu megal-megol.


11. Tembang Dolanan  Sluku-sluku Batok


Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Solo
Oleh-olehe payung motha
Mak jenthit lolo lobah
Wong mati ora obah
Nek obah medeni bocah
Nek urip goleka dhuwit.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar