Selasa, 26 Januari 2021

Nggancarake Tembang Dolanan

 

Nggancarake Tembang Dolanan (Parafrase Lagu Dolanan)

Paket Jawa  hal. 93

Nggancarake tembang maksude yaiku tembang diowahi dadi gancaran wujud ukara-ukara ing paragrap-paragrap. 

Carane nggancarake tembang bisa kanthi nambahi tembung panggandheng, tembung katrangan, lan tembung liyane utawa ngurangi tembung sing ora perlu supaya isine tembang kasebut tambah jelas.

Carane nggancarake Tembang, biasane kanggo ngancarake tembang macapat, yaiku :

  1. Negesi tembung angel
  2. Ndhapuk teges saben larik
  3. Mbangun larik dadi alinea/paragraph
  4. Nalika mbangun alinea/paragraph kena nambah utawa nyuda lan ngowahi tembung-tembung sawetara sing bagu nanging ora kena nganti ngowahi tegese/karep

Tuladhane kaya ing ngisor iki.


jaranan-jaranan, jarane jaran teji,

sing numpak ndara Bei,

sing ngiring para mantri,

jeg jeg nong, jeg jeg gung,

prok prok turut lurung,

gedebug krincing gedebug krincing,

prok prok gedebug jedher.


Gancarane tembang:

Ana wong padha numpak jaran, jaran sing ditumpaki jaran teji. Sing numpaki jaran teji ndara bei, diiringi para mantri. Swarane gamelan sing ngiringi jeg-jeg nong, jeg-jeg gung, swara sikile jaran gedebug-gedebug barengan karo swarane krincingan ing gulu lan sikile jaran kumrincing lan swarane pecut pating jedher, semono uga sepatune para mantri nalika mlaku prokprok, mlaku ing saurute lurung.


TUGAS :

1. Semaken tembang ing ngisor iki!

    Gundhul-gundhul pacul gembelengan,

    Nyunggi-nyunggi wakul kul gembelengan,

    Wakul ngglempang segane dadi saratan

2. Isinen titik-titik ing ngisor iki salaras karo tembang ing dhuwur!

     Wonten lare jaler sirahipun ……., dasar lare nakal tansah

      ……., nalika nyunggi …., piyambakipun tetep ……,

      wusana wakulipun …., sekulipun morat-marit dados ……

3. Tulisen nganggo aksara Jawa!

     1.  Nyapu latar nganggo sapu

     ……………………………………………………………………………..

    2.  Dhahar sego iwak sate

     ....................................................................................................................... 

4. Goleka siji bae tembang dolanan, gancarna kaya tuladha ing dhuwur

    (Carilah tembang dolanan kemudian parafrasekan seperti contoh di atas)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar