Rabu, 11 November 2020

Titikane Teks Narasi

 Sugeng Enjing Anak-anak sedaya.

Mugi kanugrahan sehat, kuat lan diparingi anugrah supados saget mengertos pelajaran kanthi setithi lan premati nerimo pelajaran puniko. 

Ing wayah iki, kita badhe mbahas babaran crita narasi.

Tahu krungu ora?

Yen ora monggo diwaca teks ing ngisor punika.


CERITA NARASI




Narasi, yaiku teks kang ngandharake lelakon utawa kedadeyan anut urutan wektu (kronologis), ana paraga, latar, lan alur. Bahane teks teks narasi bisa saka pengalaman uripe manungsa utawa saka asil rekadaya pikirane pengarang dhewe.

Titikane utawa ciri-ciri wacana narasi yaiku:
1. Anane tumindak ing sajrone crita
2. Crita mau ditindakake ing sajroning wektu



Wacanen teks iki lan tindakna ayahan sabanjure!

Loper Koran


Bubar sholat subuh, srengenge ing sisih wetan durung mlethek. Nanging, Haris bocah

cilik protholan SD sing wis rong taun ditinggal tilar donya wong tuwane, wis katon nlusuri

dalan lan gang-gang ngeterake koran marang pelanggane. Sepedha onthel tuwa sing wis

ora ana slebore, digenjot alon merga sikile gaduk-gaduk tuna.


Tekan ngisor wit palem ing Komplek Perumda Bojonegoro, “Brak !!!” Haris tiba

njungkel. Sepedhahe nabrak kothak cilik sing dibungkus kain ireng. Koran sing dijepit karet ing boncengane korat-karit. Karo mringis merga nahan lara, Haris nyedhaki bungkusan sing 

ditabrak mau.

“Apa ta iki?” Haris nggremeng jroning batin. Bungkusan

dijupuk banjur diangkat. Saka njero bungkusan keprungu swara

kemrincing.

“Ha...emas!!!” Tangane Haris nggregeli, awit lagi sepisan iki

weruh mas-masan samono akehe.

“Banjur iki duweke sapa?” Haris clingukan, ing batine banjur

thukul paperangan, “Dakgawa mulih, apa daklapurke pulisi?”

“Aku butuh dhuwit, yen mas-masan iki dakdol...jelas payu

larang.”

“Nanging iki dudu duwekku, najan mlarat aku emoh barang haram.”

“Kapan maneh aku bisa sugih?”

“Gusti Allah tansah ngawasi, mengko aku bisa blai.”


Pungkasane, ati putihe Haris sing menangake perang batin

iku. Jam pitu esuk, Haris banjur lapur polisi ing pos jaga prapatan

dalan. Pulisi sing nampa lapuran ngajak Haris menyang kantor

karo nggawa barang bukti.

Jujur bakal mujur. Ing kantor polisi, Haris ketemu karo Pak

Ahmad kontraktor sugih sing lagi lapur amarga kemalingan.


Sawise takon-tinakon, akhire Pak Ahmad ngendika, “Kowe kudu

nerusake sekolah, kabeh kabutuhanmu dadi tanggung jawabku,

jalaran wiwit saiki kowe dakangkat dadi anakku! ”

“Alhamdulilah, Haris ambruk ing sikile Pak Ahmad.”


TUGAS

Sawise maca teks kanthi irah-irahan “Bakul Koran” ing dhuwur kanthi premati, saiki wangsulana pitakon ing ngisor iki!

1. Apa teks ing dhuwur nyritakake lelakone urip?

2. Apa teks ing dhuwur ngandharake crita miturut urutane wektu kedadean?

3. Apa teks ing dhuwur ana paraga lan watake!

4. Apa teks ing dhuwur ana setting (wektu, papan, sosial) dumadine crita?

5. Apa teks ing dhuwur ana paperangan utawa konflike!

6. Apa iku tegese crita Narasi?

7. Apa wae ciri-cirine crita narasi?


Monggo dipun waca lan dijawab pitakon ing dhuwur

Hasile mengko dikirim ing wa pak nadzim nggeh.

Kula akhir, sugeng enjang. 

Wassalamu'alaikum wr. wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar