Rabu, 25 November 2020

Nyusun Teks Narasi lan Dheskripsi

Sugeng enjang anak-anak.     

Monggo dilanjutake pelajaran basa jawane.

Ing wedhal meniko pak guru badhe bahas nulis karangan narasi lan deskripsi.

Kanggo ngundhakake kawruh lan kaprigelan para siswa babagan teks narasi lan dheskripsi, para siswa bakal kaajak ngayahi pakaryan mandhiri, yaiku nyusun teks narasi lan dheskripsi sing ana sambung rapete karo jinis pakaryan.

Gladhen 1 : Nyusun Teks Narasi l

Teks narasi kasusun kanthi migunakake "rumus" 5 W + 1 H, yaiku : 

1) what ‘apa’, 

2) where, ‘ing ngendi’, 

3) when ‘kapan’, 

4) who ‘sapa’, 

5) why ‘ngapa/kena apa’, lan 

6). how ‘kepriye’.

Saiki para siswa ayo padha ngarang narasi kanthi nurut marang langkah-langkah ing ngisor iki!

1. Monggo dimangerteni!

a. Apa tema (gagasan pokok) sing arep kokcritakake?

Tuladha: lelakone tukang loper koran, critane pasukan kuning, utawa riwayate petani sukses, lan

sapanunggalane.

b. Ing ngendi papan dumadine crita?

c. Kapan prastawa iku kedadean?



























b. Nyusun Teks Dheskripsi

Saliyane bisa ngarang narasi, becike para siswa uga bisa ngarang dheskipsi. Gampang
kok, pokoke angger gelem sabar, tlaten, lan sregep gladhen para siswa mesthi bisa.
Supaya enggal bisa nulis teks dheskripsi, saiki gatekna ayahan iki!
1. Pilihen objek sing migunani, wigati, lan bisa ndudut ati!
Tuladha: tukang loper koran, anggota pasukan kuning, utawa petani sukses,
kegiyatan pramuka, lan sapanunggalane.
2. Tepungake objek sing kok dheskripsekake, kanthi ukara ambuka sing mentes lan pantes.
Tuladha:
Dina iki Bima tangine rada esuk. Sawengi kaya wis impenimpenen.
3. Sangkuten pancadriya (pandeleng/mripat, pangambu/irung, panggrayang/kulit, panyecep/ilat, lan pangrungu/kuping). Utamakake pancadriya pandeleng, awit pandeleng mujudake
piranti ngrasakake sing paling dominan. Tulisen ukara sing
nggambarake kahanan sing bisa karasakake kanthi dideleng!
Tuladha:
Bima melu adu ngumbulake layangan. Layangane Bima wangune kaya kupu. Swiwine digambari kembang rupa abang, wungu, lan ijo. Sirahe dirupa ireng ana galer-galere coklat.
Buntutane nglewer dawa diwerna putih belang ireng. Layangane Bima wis suwe mumbul gleyang-gleyong ing angkasa.

4. Dheskripsekna pangrasane paraga utama marang kahanan sing ana lan dumadi!
Tuladha:
Yen disawang kaya ula nyunggi kupu-kupu. Sing ndeleng padha keplok-keplok. Pengetan dina pramuka tahun iki katon rame lan nyenengake.
5. Gunakake pepindhan (persamaan/perbandhingan) kanggo nguripake gambaran.
Tuladha:
Layangane Bima wis suwe mumbul gleyang-gleyong ing angkasa. Yen disawang kaya ula nyunggi kupu-kupu.

TUGAS

1. Gawea karangan utawa teks narasi kanggo tema PREIAN SEKOLAH (LIBURAN SEKOLAH)!

2. Gawea karangan utawa teks deskripsi kanggo tema LINGKUNGAN!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar