Rabu, 18 November 2020

TEKS DESKRIPSI


 


Teks deskripsi yaiku)teks kanggo nyampaiake informasi anggo cara nggambarake katon jelas marang objek, panggonan, utawa kedadean. Tujuan dianakake teks deskripsi iku, supaya wong ingkang maca ugi saged ngerasakake apa ingkang lagi dijelasake ing teks iku.

Pembahasan

           Teks/Karangan/Wacana Deskripsi iku miduweni ciri-ciri ingkang mbedakake antara teks liyane. Ciri-Cirinipun teks deskripsi, antarane :  

  • Cerita ing njerone nyeritakake, nggambarake, lan njelasake samubarang.
  • Paragrape nggambarke serta njelasake sacara jelas lan rinci serta ngalibatke kesan indera.
  • Nalika diwaca, sing waca bisa seolah-olah ngrasakake langsung ingkang ana ing njerone paragrap.
  • Nyaritake lan njelasake ciri-cirine fisik objek, kaya warnane, ukurane, duwure, utawi ciri-ciri fisikipun.
  • Paragrape kaya isa dirasakake anggo indera.

Supaya luwih cetha, wacanen teks iki lan tindakna ayahan
sabanjure!

PENGETAN DINA PRAMUKA


Dina iki Bima tangine rada esuk. Sawengi kaya wis impenimpenen.
Esuk iki Bima sakancane arep melu upacara pengetan
dina pramuka kang kaping 55 taun. Bubar upacara tanggal 14
Agustus Bima lan bocah-bocah pramuka siaga liyane melu pesta
siaga. Ing pesta siaga ana maneka warna kegiyatan. Kegiyatane
adu kaluwihan. Adu kaluwihane yaiku: nyambung tongkat, egrang
bathok, ngumbulake layangan, hasta karya, ngucapake dwi darma
lan dwi satya, lan sapanunggalane.

Bima melu adu ngumbulake layangan. Layangane Bima
wangune kaya kupu. Swiwine digambari kembang rupa abang,
wungu, lan ijo. Sirahe dirupa ireng ana galer-galere coklat.
Buntutane nglewer dawa diwerna putih belang ireng. Layangane
Bima wis suwe mumbul gleyang-gleyong ing akasa. Yen disawang
kaya ula nyunggi kupu-kupu. Sing ndeleng padha keplok-keplok.
Pengetan dina pramuka tahun iki katon rame lan nyenengake.

TUGAS 1

1. Apa iku teks deskripsi?

2. Jelasna ciri-ciri teks deskripsi!

3. Apa teks ing dhuwur nggambarake sawijining objek sing nyata
(dudu perkara ghaib)?

4. Apa kang diandharake teks wacan ing dhuwur?

5. Kanthi maca teks ing dhuwur, apa bocah-bocah bisa
ngrasakake kaya ngalami dhewe utawa kaya nyawang dhewe?

6. Apa teks ing dhuwur nuduhake kahanan kanthi rinci?


MATERI  2

Tuladha Teks Deskripsi ( Contoh teks deskripsi)

Tuladha 1 (contoh 1)

Macan Sumatra

Kaya sing dingerteni, macan Sumatra minangka salah sawijine fauna karnivora sing urip ing pulo Sumatra. Macan Sumatra minangka salah sawijining enem spesies macan sing isih urip nganti saiki lan diklasifikasikake mbebayani kanthi kritis.

Adhedhasar data ing taun 2004, populasi Macan Sumatra tekan 400 individu. Iki amarga akeh pamburu sing nyebabake adol pasar ireng, dadi obat, perhiasan lan jimat

Tuladha 2 (contoh 2)

Museum Angkut

Museum Angkut minangka salah sawijining obyek wisata ing wilayah Kota Batu sing dadi pusat turis ing Jawa Timur. Papan wisata ing Jawa Timur nawakake macem-macem koleksi kendaraan kanggo transportasi wiwit jaman kuna nganti modern. Ana macem-macem sepeda motor, motor, mobil, lan malah pesawat miniatur kanggo nampilake turis.

Saliyane nawakake macem-macem koleksi kendaraan, museum, sing duwe area hektar, uga duwe bagean bertema. Bagean musium kasebut dirancang banget kaya wilayah Hollywood ing Eropa Kuno. Kadhangkala, ana parade sing padha karo karnaval.

Tuladha 3 (contoh 3)

Griyaku
 
Griyaku manggon ing Sukodono. Omahku nduwe petang kamar tidur, ruang keluarga, pawon uga kolah. Kamarku ana ing sandhike ruang keluarga. Nang kamarku ana amben siji, lemari, meja kanggo sinau, komputer, lan rak kanggo nata buku.

Kamare adhiku pas nek sisihe kamarku. Nang kamare adhiku ana meja blajar, lemari klambi. Dheweke uga nduwe rak buku. Ambene ana ing cedhak cendhela.



TUGAS 2

Gawea teks deskripsi, tema utawa judul bebas!


Dikerjakan dan dikirim di wa ya anak-anak!



Tidak ada komentar:

Posting Komentar