Rabu, 07 Oktober 2020

Unsur Intrinsik Crita Rakyat

Unsur intrinsik yaiku unsur pandhapuk crita sing asale saka crita iku dhewe. Yen

diumpamakake sawijining wangunan, mula unsur intrinsik mujudake peranganperangan

sing digunakake minangka bahan wangunan kasebut. Unsur intrinsik crita rakyat yaiku:

1. Tema:

    Tema yaiku underane perkara utawa gagasan pokok sing dadi dhasar dumadine crita. 

2. Latar

     Latar yaiku andharan babagan wektu, kahanan, lan papan dumadine crita.

3. Pesan moral/ amanat

    Amanat yaiku pitutur luhur utawa piwulang sing bisa kapethik saka crita rakyat.

4. Paraga lan watake

    Paraga lan watake yaiku sapa sing dicritakake lan kepriye watake.

5. Alur.

    Alur yaiku urut-urutan dumadine crita. Umume crita rakyat migunakake alur maju. 

    Panutur nyritakake kedadean miturut urutan wektu.


Kanggo mahamake unsur instrisik wacanen cerito "Asal-usul Guwa Ngerong”

“ Asal-usul Guwa Ngerong”.  
 

Dhek jaman biyen ing sisih kidul kulon tlatah Tuban, ana kraton cilik sing diarani Kraton  Gumenggeng. Rajane asmane Prabu Arya Bangah. Amarga saperangan gedhe wilayahe dumadi saka pagunungan kapur, mula meh sadawane taun kraton kasebut tansah ngalami kangelan banyu. Kahanan kasebut ndadekake Prabu Arya Bangah prihatin


Prabu Arya Bangah nuli semedi, nyenyuwun marang Gusti kang Murbeng Dumadi supaya diparingi pituduh kanggo ngundhakake karaharjane rakyate. Sajerone semedi, Prabu Arya Bangah oleh wangsit yen reruwete Kraton Gumenggeng bakal sirna saka pitulungan Ki Jala Ijo ing pertapan Gunung Ngandhong. Sawise semedi, Prabu Arya Bangah banjur nimbali Ki Jala Ijo.

“Ki, anggon Panjenenganingsun nimbali sliramu sowan ing pendhapa iki ana perlune.”

“Nuwun inggih, kula nyadhong dhawuh”, wangsulane Ki Jala Ijo.

“Saiki Praja Gumengeng lagi nandhang paceklik, tetanduran

lan sato kewan padha mati awit kurang banyu. Mula, saiki sira

dakutus goleka sumber banyu ing tlatah kene!” prentahe Prabu Arya Bangah.

Ki Jala Ijo nyanggupi prentahe Prabu Arya Bangah. Kanthi kadherekake punggawa kraton loro cacahe, Ki Jala Ijo mlaku ngulon parane. Tekan perengane gunung kapur, Ki Jala Ijo nancepake pusakane. Dumadakan, saka tilas mancepe pusaka metu banyu sing gemrojog. Suwe-suwe, iline banyu tansaya banter lan ronge (terowongane) tambah amba nganti dadi guwa sing metu kaline.

“Besuk yen ana rejane jaman, papan iki diarani Guwa

Ngerong”, ngendikane Ki Jala Ijo. Marang punggawa loro, Ki Jala Ijo pesen yen punggawa loro iku ora oleh ninggalake guwa lan diutus njaga lestarine guwa lan sumber banyu. Punggawa loro  nyanggupi prentahe Ki Jala Ijo, kanthi njelma dadi iwak lan lawa dheweke njaga kelestariane lingkungan guwa. Wiwit kedadean iku,

lingkungan ing kiwa tengene guwa dadi ijo royo-royo, thukul kang sarwa tinandur, lan murah sandhang pangan.

Guwa Ngerong Tuban, nganti saiki dikebaki maewu-ewu lawa lan iwak badher. Masyarakat ora ana sing wani ngrusak Guwa Ngerong jalaran anane gugon tuhon, yen lawa lan iwak iku panjilmane sing nunggu guwa. Sapa wonge sing ngrusak guwa, sumber banyu, wit-witan, iwak, lan lawa ing kiwa-tengene Guwa Ngerong wong mau bakal nemoni cilaka.


TUGAS

wangsulana pitakon ing ngisor iki!

1) Apa temane crita rakyat kanthi irah-irahan “Asal-usul Guwa Ngerong”?

2) Kapan wektu kedadeane crita?

3) Dumadine crita ana ing endi?

4) Kepriye kahanane masyarakat ana ing crita rakyat kanthi irahirahan

    “Asal-usul Guwa Ngerong”?

5) Apa amanat sing bisa kapethik saka crita rakyat kanthi irahirahan

     “Asal-usul Guwa Ngerong”?

6) Sapa wae paragane crita mau?

7) Kepriye watake para tokoh ing crita rakyat kanthi irah-irahan

    “Asal-usul Guwa Ngerong”?

8) Kepriye alure crita rakyat kanthi irah-irahan “Asal-usul Guwa Ngerong”?


Tidak ada komentar:

Posting Komentar