Rabu, 12 Agustus 2020

MACA GEGURITAN


 GEGURITAN



Asslamu'alaikum Wr. Wb

Sugeng enjang, Mugi Tetep semangat anggone sinau lan ora putus asa amerga ana Corona.

Coba gatekno Video ing ngisor iki! (PENTING)



Maca geguritan iku ameh pada kalih maca puisi utawi deklamasi. Supados anggone maca saget nengsemaje lan narik kawigatene sing ngrungokake kudu nggatekake:

1. wirama (intonasi) yaiku munggah mudhune swara
2. wirasa (penghayatan) kanggo mbedakake isine geguritan iku sedhih, seneng, semangat apa nesu
3. wicara (artikulasi) yaiku wetune tetembungan kudu cetha bedane antarane swara a, i, u, e utawa o. sarta bedane konsonan upamane s, r, l, g, d, dh, lsp.
4. wiraga (ekspresi) patrap, sikap, obahing awak lan pasemon.

Kegiatan maca geguritan utawa puisi (poetry reading) iku wiwit kawentar sakwise bapak ws rendra (almarhum) kondur saka anggone lelana ing Amerika Serikat. Supaya kowe kabeh bisa maca geguritan kanthi becik perlu nggatekake bab bab kaya kasebut ing ngisor iki.
Supaya siap mental, sadurunge maju ing ngarep kelas utawa panggung kudu konsentrasi dhisik. Menawa ing wulangan kapisan wis dijlentrehke sing kudu digatekake yaiku babagan wiraga, wirama, wicara, lan wirasa ana bab seje maneh sing kudu digateke yaiku;

  1. Nggagapi karepe geguritan (intepretasi/penafsiran)

Sakdurunge maca ana ing panggung utawa ing ngarep kelas, geguritan mau perlu digagapi karep lan isine naskah (ditafsirkan), apa seneng, sedhih, lara, semangat, nesu.

  1. Penampilan (Performance)

Ing sing paling penting, biasane yen wis tekan gilirane maca banjur ndredheg awake apa meneh sing durung tau utawa arang arang tampil. Kahanan sing kaya ngono mau bisa diilangi kanthi cara unjal ambegan landhung paling ora kaping telu.

  1. Ngetokake Swara (Teknik Vokal)

Swara sing diucapke kudu cetha ora kebanteren, intonasi kudu cetha bedane antarane wiramane wong nesu, sedih, seneng.

TUGAS 1
Wacanen Geguritan ing ngisor "Sapu Lada" banjur video lan kirim ing wa grup!
(Buku Paket basa jawa hal. 6)

TUGAS 2
Sawise maca lan divideo banjur jangkepana tabel ana kaca (hal. 13 lan 14).
Digarap wonten Buku Tugas Basa Jawa!

Matursuwun anak-anak, tetep semangat lan giat sinau!
Wa alaikum salam Wr. Wb


Tidak ada komentar:

Posting Komentar