Rabu, 05 Agustus 2020

GEGURITAN BAG. 2


GEGURITAN


Pengertian Geguritan

Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugerahan tertamtu. Bebas jumlah larik larik ukara ing saben pada, jumlahe pada, pilihan basa kang digunakake, maksude panggurit ana kang nggunakake purwakanthi kadhang ora migunakake purwakhanti. Geguritan kang migunakake purwakanthi yen dirunngokake luwih kepenak(luwih nges). Supaya luwih cetha wacanen paugerane geguritan.

 Paugerane geguritan:

1. Ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.

2. Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga becik.

3. Kanggo nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi sawetra bae.

4. Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut, lan sapanunggalane.

 

Langkah Langkah kanggo mahami sawijining geguritan:

1. Wacanen geguritan kanthi permati, yen perlu dibolan baleni.

2. Gatekna kekerabatan larik ukara, banjur wewehana tandha kanggo munggel (jeda), upamane punggel sauntara wewehana tandha (/) lan kanggo sigeg wewehana tanda (//).

3. Golekna teges tembung tembung kang kok anggep angel, kanthi terus dieling eling, menawa tembung tembung sajarone geguritan sanggup duwe teges lugu, entar, sanggup uga lambang utawa gegambaran.

4. Perlu digatekaku menawa saben karangan mesthi duwe pesen utawa amanat kang kepingin disampekake marang pamaca.

5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane dadi sedherhana lan simpel dimangerteni.

 

Sawijining geguritan duwe struktur batin utawa hakekat sing dumadi saka: tema, suasana, nada lan amanat, kang mujudake jiwaning geguritan kang ora sanggup dipisahake.

 

Perbedaan Geguritan Lawas Dan Geguritan Anyar

 Perbedaan Geguritan Lawas Dan Geguritan Anyar

GAGRAK ANYAR:
1. Wonten jeneng pungriptanipun
2. Wonten irah-irahanipun
3. Susunanipun bebas, boten kaiket


GAGRAK LAWAS:
1. Boten wonten jeneng pungriptanipun, biasane dipun tengen sun gegurit.
2. Boten Wonten Irah-irahanipun.
3. Susunanipun kaiket dening GURU WILANGAN/GURU LAGU/PURWANTHI BASA


Wacanen geguritan ing ngisor iki nganti supados mangerteni isinipun!

Sekolah ku

  

Sekolahanku ….

Panggonan anggonku golek ilmu

Sekolahanku …

Diwulang dening Bapak-ibu Guru


Sekolahanku ….

Sinau, maca buku

Ing Panggonan iki

Aku diajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti

Ing panggonan iki

Aku diajari marang kanca aja srei

Diparingi PR kanggo gladhen

Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan


Aku percaya …

Sanajan abot kudu dilakoni

Kabeh mau kanggo kepentingan pribadhi

kareben ngesuk dadi wong kang aji

miguna tumprap bangsa lan nagari

 

TUGAS!  (ditulis di buku tugas Bhs. Jawa)

Coba critakna isine Geguritan kang judule Sekolahku, gawea ukara kang apik supados mangerti apa kang dadi isine geguritan.


Sumber : 

1. https://brainly.co.id/tugas/9892731

2. https://www.materisekolah.id/materi-sekolah-cuilan-geguritan-paugeran-geguritan-lan-langkah-langkah-kanggo-mahami-sawijining-geguritan/

3. http://endrisuryanti.blogspot.com/2015/05/perbedaan-geguritan-lawas-dan-geguritan.html


 

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar