Rabu, 30 September 2020

Mangerteni Crita Rakyat

 

Monggo Diwaca kelawan Setiti lan teliti!

Akeh manungsa sing wis lali marang piwulange leluhur babagan perduli marang lingkungan. Kamangka tujuane kanggo njaga lingkungan supaya migunani tumrap panguripane manungsa. Piwulang sing mau umume wujud gugon-tuhon utawa

kapercayan, yaiku piwulang sing ora tinemu nalar nanging digugu lan dituhoni (digatekake lan dituruti) dening masyarakat.

Tuladhane, “Aja ngrusak tetanduran sing wis ngrembuyung, mengko kuwalat karo sing mbaureksa!” Awit wedi karo sing mbaureksa (jin utawa dhemit), mula masyarakat ing kono banjur ora ana sing wani ngrusak wit-witan sing gedhe ngrembuyung mau (tuladhane wit ringin, trembesi, lan asem).

Pungkasane, wit-witan mau bisa kanggo yub-yuban, bisa njaga sumber banyu ing njerone lemah, bisa ngasilake oksigen sing dibutuhake manungsa, lan menawa ditata sing apik bisa nambahi endahe lingkungan.

 

Tuladha gugon tuhon lan ajaran moral perduli marang lingkungan bisa kawaca ing tabel iki.

No.

Gugon Tuhon

Ajaran Moral

1

Nyapu bengi, ora ilok.

Nyapu ing wayah bengi regede ora

katon. Mula, supaya lingkungan bisa

resik yen nyapu becike wayah awan.

2

Aja uncal uwuh.

Nguncalale uwuh bisa ngregedi

lingkungan, becike uwuh dikumpulake banjur dibuwang ing papan sing

samesthine.

3

Aja ngidoni

sumur, mundhak

guwing.

Kajaba reged, idu bisa dadi dalan nulare

penyakit. Kamangka banyu sumur

mujudake kabutuhan pokok manungsa,

mula kudu dijaga.

4

Kandhang omah,

ora ilok

Omah didadekake kandhang dadi

reged, suker, sumber penyakit lan

kurang prayoga yen ana tamu.

 

Crita rakyat, yaiku crita jaman biyen sing tuwuh lan ngrembaka ing masyarakat kanthi turun-tumurun digethok tularake lumantar lesan. Crita rakyat duwe titikan: 1) ora diweruhi sapa sing ngarang, 2) panyebarane kanthi lesan, 3) sugih cakrik utawa variasi, lan 4) sipate tradhisional.

Jawa Timur sugih crita rakyat, meh saben dhaerah duwe crita rakyat dhewe-dhewe. Crita rakyat sing kondhang yaiku: Asal-usul Guwa Ngerong, Lanjar Maibit, Angling Darma, Calon Arang, Andhe-Andhe Lumut, Rara Anteng lan Jaka Seger, Asal-Usul Gunung Kelud, Asal-Usul Telaga Pasir, Asal-Usul Surabaya, lan isih akeh

maneh crita rakyat liyane.

Crita rakyat bisa digunakake kanggo mulangake piwulang perduli marang lingkungan, salah sawijine yaiku (buku paket hal. Tantri Basa kelas 4 hal 49)

 

“ Asal-usul Guwa Ngerong”.  
 

Dhek jaman biyen ing sisih kidul kulon tlatah Tuban, ana kraton cilik sing diarani Kraton  Gumenggeng. Rajane asmane Prabu Arya Bangah. Amarga saperangan gedhe wilayahe dumadi saka pagunungan kapur, mula meh sadawane taun kraton kasebut tansah ngalami kangelan banyu. Kahanan kasebut ndadekake

Prabu Arya Bangah prihatin

Prabu Arya Bangah nuli semedi, nyenyuwun marang Gusti kang Murbeng Dumadi supaya diparingi pituduh kanggo ngundhakake karaharjane rakyate. Sajerone semedi, Prabu Arya Bangah oleh wangsit yen reruwete Kraton Gumenggeng bakal sirna saka pitulungan Ki Jala Ijo ing pertapan Gunung Ngandhong. Sawise semedi, Prabu Arya Bangah banjur nimbali Ki Jala Ijo.

“Ki, anggon Panjenenganingsun nimbali sliramu sowan ing pendhapa iki ana perlune.”

“Nuwun inggih, kula nyadhong dhawuh”, wangsulane Ki Jala Ijo.

“Saiki Praja Gumengeng lagi nandhang paceklik, tetanduran

lan sato kewan padha mati awit kurang banyu. Mula, saiki sira

dakutus goleka sumber banyu ing tlatah kene!” prentahe Prabu Arya Bangah.

Ki Jala Ijo nyanggupi prentahe Prabu Arya Bangah. Kanthi kadherekake punggawa kraton loro cacahe, Ki Jala Ijo mlaku ngulon parane. Tekan perengane gunung kapur, Ki Jala Ijo nancepake pusakane. Dumadakan, saka tilas mancepe pusaka metu banyu sing gemrojog. Suwe-suwe, iline banyu tansaya banter lan ronge (terowongane) tambah amba nganti dadi guwa sing metu kaline.

“Besuk yen ana rejane jaman, papan iki diarani Guwa

Ngerong”, ngendikane Ki Jala Ijo. Marang punggawa loro, Ki Jala Ijo pesen yen punggawa loro iku ora oleh ninggalake guwa lan diutus njaga lestarine guwa lan sumber banyu. Punggawa loro  nyanggupi prentahe Ki Jala Ijo, kanthi njelma dadi iwak lan lawa dheweke njaga kelestariane lingkungan guwa. Wiwit kedadean iku,

lingkungan ing kiwa tengene guwa dadi ijo royo-royo, thukul kang sarwa tinandur, lan murah sandhang pangan.

Guwa Ngerong Tuban, nganti saiki dikebaki maewu-ewu lawa lan iwak badher. Masyarakat ora ana sing wani ngrusak Guwa Ngerong jalaran anane gugon tuhon, yen lawa lan iwak iku panjilmane sing nunggu guwa. Sapa wonge sing ngrusak guwa, sumber banyu, wit-witan, iwak, lan lawa ing kiwa-tengene Guwa Ngerong wong mau bakal nemoni cilaka.

 TUGAS 1  (paket hal 52)

Sawise maca teks crita lan andharan ing dhuwur, ganepana ukaraukara

ing ngisor iki supaya sampurna!

1. Irah-irahane crita rakyat ing dhuwur yaiku....

2. Paragane crita ing dhuwur yaiku.... lan ....

3. Crita kasebut kedadeane ing kraton....

4. Raja ing Kraton Gumenggeng prihatin amarga....

5. Kanggo ngundhakake karaharjane rakyat Raja Gumenggeng nindakake....

6. Sing diutus Raja Gumenggeng golek sumber banyu yaiku....

7. Sing ditindakake dening utusane raja Gumenggeng sajerone golek sumber banyu yaiku....

8. Papan metune sumber diarani Guwa Ngerong amarga....

9. Guwa Ngerong nganti saiki isih lestari amarga....

10. Tuladha crita rakyat liyane sing koweruhi sakliyane crita iki yaiku .... lan ....


Sesudah mengerjakan jangan lupa difoto dan dikirm di WA pak Nadhim ya, terima kasih! 


 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar