Rabu, 09 September 2020

ISI PACELATHON

 NJLENTREHAKE ISINE TEKS PACELATHON


Ana ing kalodhangan iki bocah-bocah bakal diajak sinau njlentrehake isine teks pacelathon. Minangka sarana gladhen, gatekna teks iki banjur garapen pakaryan ing ngisore!

TUGAS 1.

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

1. Apa tegese tembung njanur gunung ing teks pacelathon dhuwur?

2. Pak Hari bakal rumangsa isin yen tumindak apa?

3. Apa tujuane Pak Hari nitih sepedha?

4. Aranana jinis bahan energi sing sumbere ora bisa didandani utawa dianyari!

5. Kepriye yen energi dinggo terus?

6. Nyapa energi bisa entek?

7. Kendharaan apa wae sing nggunakake energi mau?

8. Kepriye, yen kabeh priyayi sing daleme cedhak kantor kersa nitih sepedha?

9. Saliyane bisa ngirit energi, priyayi tindak kantor kanthi nitih sepedha bisa njalari apa?

10. Tulisen dudutan isine tes pacelathon ing dhuwur!



MATERI 2


Ngrakit Teks Pacelathon Adhedhasar Tema


Trap-trapan nyusun teks pacelathon, yaiku:

1. Nemtokake tema

    Manawa tema “Gemi Nggunakake Energi” krasa kejembaren, tema bisa kaciutake dadi anak tema, tuladhane:

    a. Ngirit setrum setrika listrik.

    b. Ngirit setrum mesin cuci.

    c. Ngirit setrum lampu.

2. Golek informasi babagan sing ana sambung rapete karo tema sing dipilih (sumber informasi bisa digoleki saka buku, koran, majalah, utawa internet).

3. Nemtokake cacahe pawongan sing melu omong-omonganing pacelathon.

4. Ngrembakakake tema sing dipilih dadi ukara.

5. Nyusun teks pacelathon kanthi nggunakake tata tulis sing pener lan bener.

 

Nalika nyusun teks pacelathon, ana bab sing kudu dadi kawigaten, yaiku ukara sing digunakake kudu saur-sauran (gentenan ngomong). Teks pacelathon kerep nggunakake tembung pitakon apa, sapa, kepriye, ing ngendi, lan kapan.


TUGAS 2

Gawea teks pacelathon (Percakapan/Dialog) karo kancamu utawa wong tuamu  kaya pituduh ing dhuwur!

Kanggo Tema pacelathon yaiku "Ngirit Setrum Listrik Ana Griya"

(Yang Jadi Tema Dialog adalah "Hemat Energi Listrik di Rumah)






Tidak ada komentar:

Posting Komentar