Rabu, 02 September 2020

Tatakrama Sajrone Teks Pacelathon

 

Tatakrama Sajrone Teks Pacelathon

Sajerone pacelathon, kita guneman kudu nganggo tatakrama sing diarani unggah-ungguh basa. Unggah- ungguh yaiku sopan-santun, tata susila, tata pranatane basa sing tujuane kanggo ngajeni wong liya. Unggah-ungguh basa bisa nuduhake kapribadene masyarakat Jawa. Yen unggah-ungguh basane trep ateges pribadine luhur, kosok baline yen unggah-ungguh basane ala, ateges pribadine asor.

Miturut unggah-ungguh utawa undha usuk, Basa Jawa kaperang dadi loro, yaiku Basa Ngoko lan Basa Krama. Basa Ngoko kaperang dadi Ngoko Lugu lan Ngoko Alus, dene Basa Krama kaperang dadi Krama Lugu lan Krama Alus. Supaya luwih terang, gatekna andharan iki!


 

1. Basa Ngoko, kaperang dadi:

a. Ngoko Lugu

Yaiku basa Jawa sing kadadean saka tembung-tembung ngoko kabeh tanpa kecampuran tembung krama apadene krama inggil.

Ngoko lugu digunakake :

(1) Kanca sing wis rumaket

(2) Wong tuwa marang bocah enom

(3) Pawongan kang lagi ngunandhika

Tuladha: Aku lagi wae mulih saka Jakarta.

    Kowe apa wis mangan?

 

b. Ngoko Alus

Yaiku basa Jawa sing ukarane kacampur antarane tembung ngoko lan krama.

Ngoko alus digunakake:

(1) Kanca padha kanca kang wis akrab nanging luwih ngajeni.

(2) Ibu marang bapak.

(3) Adhi marang kangmas utawa mbakyu.

(4) Wong tuwa marang wong enom, nanging pangkate luwih dhuwur.

Tuladha: Mas Ali sesuk dakaturi tindak Jakarta.

  Pak Bupati isih gerah.

 

2. Basa Krama, kaperang dadi:

a. Krama Lugu

Yaiku basa Jawa sing kadadean saka tembung krama.

Krama lugu digunakake:

(1) Wong kang durung akrab utawa durung kulina.

(2) Wong sing luwih dhuwur drajate marang wong sing

luwih tuwa.

Tuladha: Pak Bayu ngertos panggenane Walanda.

 

b. Krama Alus

Yaiku basa Jawa sing kadadean saka basa krama lugu lan tembung krama inggil.

Krama alus digunakake:

(1) Marang wong kang diajeni banget.

(2) Abdi marang bendara.

Tuladha: Bapak Bupati taksih gerah.

 

Supaya luwih cetha, wacanen teks pacelathon iki!

 

Pak Bawa    : ”Bim, TV ne yen ora kokdeleng, patenana!”

Bima          : ”Kula, badhe ningali film kartun, Pak.”

Pak Bawa    : ”Film kartun iku isih sajam maneh...hemat energi!”

Bima          :”Nanging setrumipun TV niki lak alit, paling bayaripun listrik mirah.”

Pak Bawa    : ”Ora merga hemat mbayare wae, ya hemat energi. Delengen ta, isih akeh desa sing durung dialiri listrik.”

Bima          : ”Niku ing luar Jawa, Pak ingkang dereng wonten listrik.”

Pak Bawa    : ”Hla yen wis ngreti, saiki TV-ne ndang dipateni.”

Bima          : ”Inggih Pak, mangke yen film kartune sampun wiwit kula ningali, nggih!”

Pak Bawa    : ”Aja kuwatir, kana sinau dhisik!

 

TUGAS 1 !

Jangkepana pranyatan ing ngisor iki!

1. Manut unggah-ungguhe basa ana basa ngoko lan basa ....

2. Basa ngoko kaperang dadi ngoko lugu lan ....

3. Basa krama kaperang dadi krama alus lan ....

4. Bocah karo bocah nggunakake basa ....

5. Bocah marang wong tuwa nggunakake basa....

6. Wong tuwa marang bocah nggunakake basa ....

7. Bima ora doyan sega goreng. Ukara kasebut nganggo basa ....

8. Miturut unggah-ungguh, Bima nggunakake basa ....

9. Tujuane Bima nggunakake basa mau yaiku ....

10. Ing pacelathon mau Pak Bawa nggunakake basa ....

 

TUGAS 2

Ukara basa ngoko ing ngisor iki dadekna basa krama!

1.    Bapak ngrungokna siyaran wayang kulit

2.    Pakdhe tindak neng Tawangmangu numpak bis

3.    Eyang lagi mangan sega goreng nalika Ibu masak ing pawon

4.    Simbah lagi sare nalika Bapak tindak nyambut gawe.

5.    Budhe tumbas gula ana ing pasar Sukodono.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar