Monggo Diwaca kelawan Setiti lan teliti!
Akeh manungsa sing wis lali marang piwulange leluhur babagan perduli marang lingkungan. Kamangka tujuane kanggo njaga lingkungan supaya migunani tumrap panguripane manungsa. Piwulang sing mau umume wujud gugon-tuhon utawa
kapercayan, yaiku
piwulang sing ora tinemu nalar nanging digugu lan dituhoni (digatekake lan
dituruti) dening masyarakat.
Tuladhane, “Aja
ngrusak tetanduran sing wis ngrembuyung, mengko kuwalat karo sing mbaureksa!”
Awit wedi karo sing mbaureksa (jin utawa dhemit), mula masyarakat ing kono
banjur ora ana sing wani ngrusak wit-witan sing gedhe ngrembuyung mau (tuladhane
wit ringin, trembesi, lan asem).
Pungkasane,
wit-witan mau bisa kanggo yub-yuban, bisa njaga sumber banyu ing njerone lemah,
bisa ngasilake oksigen sing dibutuhake manungsa, lan menawa ditata sing apik
bisa nambahi endahe lingkungan.
Tuladha gugon tuhon lan ajaran moral
perduli marang lingkungan bisa kawaca ing tabel iki.
No. |
Gugon Tuhon |
Ajaran Moral |
1 |
Nyapu bengi, ora ilok. |
Nyapu ing wayah
bengi regede ora katon. Mula,
supaya lingkungan bisa resik yen nyapu
becike wayah awan. |
2 |
Aja uncal uwuh. |
Nguncalale uwuh
bisa ngregedi lingkungan, becike
uwuh dikumpulake banjur dibuwang ing papan sing samesthine. |
3 |
Aja ngidoni sumur, mundhak guwing. |
Kajaba reged, idu
bisa dadi dalan nulare penyakit. Kamangka
banyu sumur mujudake kabutuhan
pokok manungsa, mula kudu dijaga. |
4 |
Kandhang omah, ora ilok |
Omah didadekake
kandhang dadi reged, suker,
sumber penyakit lan kurang prayoga yen
ana tamu. |
Crita rakyat, yaiku crita jaman biyen
sing tuwuh lan ngrembaka ing masyarakat kanthi turun-tumurun digethok tularake lumantar
lesan. Crita rakyat duwe titikan: 1) ora diweruhi sapa sing ngarang, 2)
panyebarane kanthi lesan, 3) sugih cakrik utawa variasi, lan 4) sipate
tradhisional.
Jawa Timur sugih crita rakyat, meh
saben dhaerah duwe crita rakyat dhewe-dhewe. Crita rakyat sing kondhang yaiku:
Asal-usul Guwa Ngerong, Lanjar Maibit, Angling Darma, Calon Arang, Andhe-Andhe
Lumut, Rara Anteng lan Jaka Seger, Asal-Usul Gunung Kelud, Asal-Usul Telaga
Pasir, Asal-Usul Surabaya, lan isih akeh
maneh crita rakyat liyane.
Crita rakyat bisa digunakake kanggo
mulangake piwulang perduli marang lingkungan, salah sawijine yaiku (buku paket hal. Tantri Basa kelas 4 hal 49)
“ Asal-usul Guwa Ngerong”.
Dhek jaman biyen ing sisih kidul
kulon tlatah Tuban, ana kraton cilik sing diarani Kraton Gumenggeng. Rajane asmane Prabu Arya Bangah.
Amarga saperangan gedhe wilayahe dumadi saka pagunungan kapur, mula meh sadawane
taun kraton kasebut tansah ngalami kangelan banyu. Kahanan kasebut ndadekake
Prabu Arya Bangah nuli semedi,
nyenyuwun marang Gusti kang Murbeng Dumadi supaya diparingi pituduh kanggo ngundhakake
karaharjane rakyate. Sajerone semedi, Prabu Arya Bangah oleh wangsit yen
reruwete Kraton Gumenggeng bakal sirna saka pitulungan Ki Jala Ijo ing pertapan
Gunung Ngandhong. Sawise semedi, Prabu Arya Bangah banjur nimbali Ki Jala Ijo.
“Ki, anggon Panjenenganingsun nimbali
sliramu sowan ing pendhapa iki ana perlune.”
“Nuwun inggih, kula nyadhong dhawuh”,
wangsulane Ki Jala Ijo.
“Saiki Praja Gumengeng lagi nandhang
paceklik, tetanduran
lan sato kewan padha mati awit kurang
banyu. Mula, saiki sira
dakutus goleka sumber banyu ing
tlatah kene!” prentahe Prabu Arya Bangah.
Ki Jala Ijo nyanggupi prentahe Prabu
Arya Bangah. Kanthi kadherekake punggawa kraton loro cacahe, Ki Jala Ijo mlaku ngulon
parane. Tekan perengane gunung kapur, Ki Jala Ijo nancepake pusakane.
Dumadakan, saka tilas mancepe pusaka metu banyu sing gemrojog. Suwe-suwe, iline
banyu tansaya banter lan ronge (terowongane) tambah amba nganti dadi guwa sing
metu kaline.
“Besuk yen ana rejane jaman, papan
iki diarani Guwa
Ngerong”, ngendikane Ki Jala Ijo.
Marang punggawa loro, Ki Jala Ijo pesen yen punggawa loro iku ora oleh
ninggalake guwa lan diutus njaga lestarine guwa lan sumber banyu. Punggawa loro
nyanggupi prentahe Ki Jala Ijo, kanthi
njelma dadi iwak lan lawa dheweke njaga kelestariane lingkungan guwa. Wiwit
kedadean iku,
lingkungan ing kiwa tengene guwa dadi
ijo royo-royo, thukul kang sarwa tinandur, lan murah sandhang pangan.
Guwa Ngerong Tuban, nganti saiki
dikebaki maewu-ewu lawa lan iwak badher. Masyarakat ora ana sing wani ngrusak Guwa
Ngerong jalaran anane gugon tuhon, yen lawa lan iwak iku panjilmane sing nunggu
guwa. Sapa wonge sing ngrusak guwa, sumber banyu, wit-witan, iwak, lan lawa ing
kiwa-tengene Guwa Ngerong wong mau bakal nemoni cilaka.
Sawise maca teks crita lan andharan ing dhuwur, ganepana ukaraukara
ing ngisor iki supaya sampurna!
1. Irah-irahane crita rakyat ing dhuwur yaiku....
2. Paragane crita ing dhuwur yaiku.... lan ....
3. Crita kasebut kedadeane ing kraton....
4. Raja ing Kraton Gumenggeng prihatin amarga....
5. Kanggo ngundhakake karaharjane rakyat Raja Gumenggeng nindakake....
6. Sing diutus Raja Gumenggeng golek sumber banyu yaiku....
7. Sing ditindakake dening utusane raja Gumenggeng sajerone golek sumber banyu yaiku....
8. Papan metune sumber diarani Guwa Ngerong amarga....
9. Guwa Ngerong nganti saiki isih lestari amarga....
10. Tuladha crita rakyat liyane sing koweruhi sakliyane crita iki yaiku .... lan ....
Sesudah mengerjakan jangan lupa difoto dan dikirm di WA pak Nadhim ya, terima kasih!