Rabu, 29 Juli 2020

GEGURITAN



Pengertian Geguritan

Pengertian Geguritan Yaiku salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan. Geguritan uga kawujud saking ungkapan perasaan lan pikiran penyair. Geguritan ing bahasa Indonesia uga kasebut puisi.
Dalam Bahasa Indonesia Pengertian Geguritan Adalah sebuah karya sastra jawa yang cara pembuatannya menggunakan kalimat yang indah dan mempunyai makna. Cara pengungkapan Geguritan ini menggunakan bahasa yang mempunyai rima, irama, mitra, baik serta penyusunan yang tepat.

Geguritan nggunakake basa kang basane cekak, mentes lan endah. Geguritan asale saka tembung "gurit", kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan.

 

Jenis-jenis Geguritan

  1. Geguritan Ode. yaiku geguritan kang surasane babagan pangalembono marang wong liyo, negara, lan apa dene kang dianggep luhur.
  2. Geguritan Hymne. yaiku geguritan kang surasane babagan pangalembono marang Gusti.
  3. Geguritan Elegi. yaiku geguritan kang surasane babagan panalongso.
  4. Geguritan Epigram. yaiku geguritan kang surasane babagan piwulang-piwulang moral, nilai hidup kang becil lan bener.
  5. Geguritan Satire. yaiku geguritan kang surasane ngenyek utawa ngece kanthi kasar lan landhep.
  6. Geguritan Romansa. yaiku geguritan kang surasane babagan katresnan.
  7. Geguritan Balada. yaiku geguritan kang surasane babagan cerita utawa lakn kang nyoto utawa mung lamunane pujangga.
ciri ciri e geguritan:
1. nggawe Tembung Tembung kang apiklan pilihan
2. cacaje guru Gatra, guru wilangan LAN guru lagu ora ditentokake Utawa ora kaiket
3. sajake bebas
4. isine apik kan becik
5. isine sindhiran , kritik , pitutur , peweling , pamundhut , lan sapanunggalane
6. kadang nggunakake basa purwakanthi , swara , lan sastra
7. arang nggawe Tembung sing pangiket
8. kadang nggawe Tembung kawi

Cara nulis/nggawe geguritan
Jaman saiki panulise geguritan beda karo ing jaman biyen ora nganggo paugeran pinathok. Geguritan ing jaman biyen diarani puisi Jawa Kuna utawa puisi Jawa gagrag lawas, jalaran kaiket dening guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Ing puisi Jawa Kuna mesthi kawiwitan tembung “Sun anggurit” utawa “Sun Nggegurit”. Ing puisi Jawa anyar utawa geguritan, kabeh aturan mau ora ana. Cacahe gatra, wilangan, lan lagune bebas.
• Carane nulis geguritan yaiku:
1.Nemtokake tema,
2.Milih tetembungan kang mentes
3.Endah lan cekak,
4.Menehi irah-iarahan kang junbuh karo isine geguritan

Carane maca geguritan kang becik lan endah sakurang - kurange ana 4, yaiku Wicara, Wirama, Wirasa, lan Wiraga.

Penjelasane yaiku :

1. Wicara (cara ucap), tegese pocapane kudu cetha, mantep ora keno ragu - ragu, pocapan lafal (a, i, o, e, tha, ta, dha, da lan sak piturute) sing bener lan jelas.

2. Wirama (lagu lan intonasi), tegese banter alone pocapan lan munggah mudune intonasi kudu dilarasake karo isine sesorah.

3. Wirasa (njiwai), tegese pedhotan tembung / ukara kudu cocog karo karepe (prentah, nesu, seneng, ngenyek, getun lan liyo liyane).

4. Wiraga (ekspresi mimik), tegese polah obahing tangan, awak, polatan, rasa kudu luwes ora kaku ora ketok digawe - gawe.


Macam-macam tembung ana telu:
1. Guru Gatra
     Yaiku cacahing utawi jumlahing gatra ing tembang macapat (yaitu jumlah baris dalam lagu  
      macapat). 
      Tuladha = 4 larik , 3 larik saben bait ing tembang macapat.
2.   Guru Wilangan
      Yaiku cacahing wanda ing saben sagatra (yaitu jumlahnya suku kata pada setiap baris).
       Tuladha = 8, 7, 6, 12.
 3. Guru Lagu
     Yaiku tibaning swara ing saben pungkasaning gatra (yaitu jatuhnya suara vokal di setiap akhir baris).
      Tuladha = a ,i ,u ,e, o.

Contoh Tembang Pocung (12u – 6a – 8i – 12a)

Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pengekesing dur angkara

 

Berikut penjelasan mengenai aturan guru gatra, guru lagu dan guru wilangan dari tembang pucung.

1. Guru gatra = 4

Artinya tembang Pocung ini memiliki 4 larik kalimat.

2. Guru wilangan = 12, 6, 8, 12

Maksudnya setiap kalimat harus mempunyai suku kata seperti di atas. Kalimat pertama berjumlah 12 suku kata. Kalimat kedua berjumlah 6 suku kata. Kalimat ketiga berjumlah 8 suku kata. Kalimat keempat berjumlah 12 suku kata.

3. Guru lagu = u, a, i, a

Maksudnya adalah akhir suku kata dari setiap kalimatnya harus bervokal u, a, i, a.
Berikut ini adalah contoh tembang pucung.

Ngelmu iku kelakone kanthi laku -> u
Lekase lawan kas -> a
Tegese kas nyantosani -> i
Setya budya pengekesing dur angkara -> a




sumber:
1. https://brainly.co.id/tugas/25434090
2. https://sinaubasalansastrajawablog.wordpress.com/2015/12/15/cara-nulis-lan-maca-geguritan/
3. http://kapurjingga.blogspot.com/2012/07/jawa-nulis-geguritan.html
4. https://brainly.co.id/tugas/6255614
5. https://brainly.co.id/tugas/6190924

Tidak ada komentar:

Posting Komentar