Halaman

Rabu, 26 Agustus 2020

PACELATHON LAN JENIS-JENIS UKARA

 

TEMBUNG PACELATON LAN JENIS-JENIS UKARA


Pacelathon tegese padha karo percakapan utawa dialog ing Basa Indonesia. Pacelathon tegese rembugan antarane wong loro utawa luwih ngenani sawenehing bab. Wong Jawa yen pacelathon diatur dening tata krama sing diarani unggah-ungguh basa. Kanthi unggah-ungguh basa kang trep, kita bisa ngajeni lan nresnani

marang wong liya sing diajak guneman. Yen sing dijak guneman wong sing luwih tuwa, kita bakal ngajeni kanthi nggunakake basa krama. Suwalike, yen sing dijak guneman luwih enom, minangka tandha tresna asih kita nggunakake basa ngoko.

 

 

TUGAS 1 (hal 27)

1. Apa tegese tembung pacelathon iku?

2. Pacelathon ing Bahasa Indonesia diarani apa?

3. Apa bocah-bocah wis tau nindakake pacelathon?

4. Apa sing kokrembug ing pacelathon mau?

5. Kepriye basa sing kokgunakake ing pacelathon iku?

 

 

 

Cethane, wacanen teks pacelathon iki lan tindakna ayahan sabanjure!

 

Pakdhe      : ”Kok sajak kesusu, arep nyang endi Bim?”

Bima          : ”Inggih, tumbas lampu pijar.”

Pakdhe      : ”Kok gak lampu LED wae.”

Bima          : ”Pilih ingkang mirah, Pak.”

Pakdhe      : ”Bener, lampu LED regane luwih larang. Nanging yen dipikir tenan, ora ngono.”

Pakdhe      : ”Sepisan, lampu LED luwih awet. Dadi...?”

Bima          : ”Boten perlu wongsal-wangsul tumbas.”

Pakdhe      : ”Pinter kowe! Kapindho, sinare LED padhange tikel wolune lampu pijar.”

Bima          : ”Amargi dayanipun alit ... tarip listrikipun inggih mirah.”

Pakdhe      : ”Pinter tenan kowe Bim, dakdongakake besuk gedhe dadi guru.”

Bima          : ”Matur nuwun pangalembana lan donganipun.”

Pakdhe      : ”Nah, sapa sing nggunakake lampu LED, ateges melu nyengkuyung gerakan hemat energi.”

Bima          : ”Ingih, Pakdhe, kula badhe wangsul rumiyin.”

Pakdhe      : ”Bener, matura bapakmu dhisik! Aku yakin bapakmu mesthi sarujuk.”

Bima          : ”Inggih Pak Dhe, kula nyuwun pamit.”

Pakdhe      : ”Sing ati-ati dhuwite aja nganti ceblok! Mengko bengi rasakna gumebyare sinar lampu hemat energi!”

 

 

Kawruh sapala:

Lampu pijar       : lampu sing nganggo elemen

LED                    : lampu cilik, light emetting diode

Dayanipun         : kekuwatane

Tarip                   : upah, bayar, ongkos.

Pangalembana   : dielem (disanjung)

Nyengkuyung    : nyetujoni, ngombyongi, ndhukung

Sarujuk               : setuju

Gumebyare        : padhange, bentere


TUGAS 2 ( tulisen jawabane ana buku tugas basa jawa, paket Tantri Basa     hal 29-30)

 

Jingglengana teks ing dhuwur, banjur lumantar dhiskusi karo kanca sabangku wangsulana pitakon iki kanthi milih salah siji wangsulan sing bener!

1. Teks pacelathon iku katulis kanthi wujud ....

a. gancaran (prosa)

b. pada (bait)

    c. imbal wacana (dhialog)

d. geguritan (puisi)

 

2. Sakabehe ukara ing teks pacelathon iku nggunakake ....

a. ukara kandha (kalimat langsung)

b. ukara crita (kalimat ora langsung)

c. ukara pakon (kalimat perintah)

d. ukara panjaluk (kalimat permohonan)

 

3. Isine teks pacelaton yaiku:

a. muji Gusti kang Maha Kuwasa

b. nelakake rasa tresna asih

c. nyritakake lelakone manungsa

d. pangajak lan panerangan

 

4. Cacahing paraga (tokoh) ing teks pacelathon yaiku ....

a. loro utawa luwih

b. akeh banget

c. siji utawa luwih

d. ora bisa dietung

 

5. Ukara ing teks pacelathon ....

a. dawa boseni

b. cekak aos

c. ngelantur

d. cekak banget

 

JENIS-JENIS UKARA

 

1. UKARA CRITA (KALIMAT BERITA)
Ukara crita yaiku ukara kang isine nyritakake utawa ngandharake sawijining bab utawa kedadean marang wong liya. Tuladhane kaya ing ngisor iki:

 

1.     Saben wulan Mulud ing Ngayogyakarta lan Surakarta mesthi ana Sekaten.

2.     Rikala aku ngepit mau, ing protelon Tugu ana uwong kesrempet truk.

3.     Ahad sesuk simbah arep kondur ing Purwokerto.

4.      

2. UKARA PAKON (KALIMAT PERINTAH)

Ukara pakon utawa imperative yaiku ukara kang surasane awujud pakon utawa perintah marang tiyang sanes supados nindakaken salahsawijining bab utawi pakaryan kados ingkang dipunkajengaken ingkang ngaken.Wujudipun ukara pakon iku warna-warna, yaiku kaya ing ngisor iki:
a. Ukara Pakon Lumrah
     Tuladha:
     Ndang ombenen!

          Awas sing ati-ati!

         Wis enggal garapen!

 

b. Ukara Pakon Pamenging
     Tuladha:

1.   Kowe ora kena dolan yen durung sinau!

2.   Aja rame-rame simbah nembe sare!

3.   Aja mangan ana ing ngarep kelas!

 

c. Ukara Pakon Pangajak
     Tuladha:
      Awake dhewe saiki leren dhisik!

 Ayo padha mampir nggonku dhisik!

 Sadurunge kawiwitan ayo padha ngeningake cipta!

 

d. Ukara Pakon Panantang.
    Tuladha:
     Antemen yen pancen kowe wani!

Maraa rene yen nyata-nyata dhugdheng!

Gage balangen yen njaluk benjut sirahmu!

 

e. Ukara Pakon Paminta.
    Tuladha:
     Mbok kowe kuwi mengko dolan menyang omahku!

Dhik, tulung cendhelane ditutup bae!

Aku dakdolan nang omahmu, nanging disuguhi ya!

 

3. UKARA PITAKON (KALIMAT TANYA)
Ukara pitakon yaiku ukara kang isine awujud pitakonan. Ukara iki racake migunakake tembung pitakon apa, piye, pripun, kadospundi, sinten, sapa, pira, pinten, ing ngendi, wonten pundi, caba, cobi, kapan, lan kala punapa. Ukara pitakon kapilah-pilah dadi kaya ing ngisor iki:


a. Ukara Pitakon Lumrah
    Tuladha:
     Omahmu ing ngendi?

Saiki wis jam pira?

Paramasastra kuwi apa ta tegese?

 

b. Ukara Pitakon Kang Ora Perlu Wangsulan (Ukara Retoris)
    Tuladha:
     Kesandhung kuwi apa lara ta, Kang?

Sapa sing ora kepingin lulus sekolah?

Iki ta daleme Pak Teguh?

c. Ukara Paminta
    Tuladha:
     Piye yen leren dhisik?

Saupama klambi kuwi diwenehake adhimu piye, Nduk?

Kowe mathuk apa ora yen saiki awake dhewe besanan?

 

4. UKARA SAMBAWA
Ukara sambawa yaiku ukara kang isine awujud pangarep-arep, saumpama, utawa sanadyan. Ukara iki rancake migunakake tembung-tembung kang kawuwuhan panambang -a utawa -ana.
Tuladha:

1.     Panasa, ya klambiku ben garing.

2.     Udana sing deres ben tandhuranku subur.

3.     Mrenea wiwit biyen kowe ora katon kapiran.

4.     Sugiha dhuwit aku rak wis gawe omah.

5.     Tinangisana nganthi semaput, dheweke ora bakal urip.

6.     Diwenehana klambi apik, ya ra tahu dienggo.

 

5. UKARA SANANTA
Ukara sananta yaiku ukara kang isine niyat, karep, utawa sedya. Ananging, kang duwe niyat utawa sedya mau awake dhewe. Mesthi wae ukara iki durung kalakon utawa durung katindakake jalaran isih awujud niyat.
Tuladha:

1.     Sesuk awan aku arep golek degan ijo.

2.     Kareben munggah sekolah, aku kudu sinau mempeng.

3.     Aku arep umbah-umbah, kowe aja ngajak crita wae.

4.     E, dak dolan menyang daleme simbah.

5.     Tinimbang ndomblong, dak resik-resik latar mburi, ah!

 

TUGAS 3

Jawaben pitakon-pitakon ing ngisor iki!

1.      Apa bedane antarane ukara crita lan ukara pakon?

2.      Tulisen 3 tuladha ukara kang nggunakake ukara pakon!

3.      Apa tegese ukara pitakon?

4.      Tulisen 3 tuladha ukara kang nggunakake ukara pitakon?

5.      Apa bedane antarane ukara Sambawa lan ukara Sananta?




Rujukan:

1. Paket Tantri Basa Kelas 4

2. http://cahbasajawa.blogspot.com/2016/01/ukara-crita-ukara-pakon-ukara-pitakon.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar